Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahasa Jawa, Dihimpun LDNU Banyumas

Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahasa Jawa Nggayuh Berkah Kanthi Tali Silaturrahim

Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahas Jawa dengan judul Nggayuh Berkah Kanthi Tali Silaturrahim ini mengingatkan bahwa setelah melewati bulan Ramadhan yang penuh berkah, ampunan, dan ketaatan, kita harus terus menjaga amal shalih seperti membaca Al-Qur’an, shalat sunnah, dan puasa sunnah.

Idul Fitri bermakna kembali kepada kesucian, sebagaimana bayi yang baru lahir, serta menjadi momentum untuk melebur dosa (lebur), memperbanyak pahala (luber), dan membersihkan hati (labur). Tradisi seperti makan ketupat juga menjadi simbol pengakuan kesalahan dan harapan akan kesucian.

Selain itu, khutbah ini menekankan pentingnya mempererat silaturahim sebagai wujud nyata ketaatan dan kunci keberkahan rezeki serta panjang umur. Memutus silaturahim adalah dosa besar yang bisa menghalangi seseorang masuk surga. Oleh karena itu, umat Islam diajak untuk terus menjaga hubungan baik dengan keluarga, tetangga, dan sesama, karena setiap hari tanpa maksiat dan diisi dengan amal baik adalah hari raya bagi seorang mukmin.

Baca Juga : Khutbah Idul Fitri 1446 H: Meraih Kemenangan Sejati di Hari yang Fitri

Khutbah Idul Fitri 1446 H: Nggayuh Berkah Kanthi Tali Silaturrahim

Khutbah Sepindah

اَللهُ أَكْبَرُ (×٣) اَللهُ أَكْبَرُ (×٣) اَللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَ لِلّٰهِ اْلحَمْدُ.
اَللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً، لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اَلْحَمْدُ.
أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسولُه، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأَيُّهَا الإِخْوَانِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ .قَالَ اللهُ تَعَالىَ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ : يَآ أَيُّهَا الََّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا .وَقَالَ تَعَالَى يآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ.

Jamaah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,

Sumangga kita panjatna puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah Swt ingkang sampun maringi nikmat iman lan Islam, saéngga kita saget kanthi semangat nglampahi ibadah-ibadah. Ugi, kita boten kedah lali ngaturaken syukur dhumateng Allah amarga nikmat sehat ingkang sampun diparingake, saéngga kita saged rawuh ing masjid kagem nglaksanakake Shalat Idul Fitri kanthi berjamaah.

Sholawat saha salam mugi tansah kaparingake dhumateng kanjeng Nabi agung kita, Muhammad Saw, ingkang dados suri tauladan ing gesang punika.

Sumangga kita tingkatna iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt, kanthi nglampahi sadaya dhawuhipun lan nyingkiri sadaya ingkang dilarang, lan tansah tumindak becik dhumateng sedaya makhluk ciptaane.

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Injing meniko, kitha sami kumpul wonten ing papan ingkang kebak berkah punika kanggé nyambut rawuhipun wulan Syawal. Kitha sampun nilar wulan Ramadhan, wulan ingkang mulya, wulan kebecikan, wulan ingkang kebak berkah, wulan taubat, saha wulan ingkang kapenuhan ketaatan lan amal shalih.

Wulan punika sampun nilar kitha. Sanajan sampun pisah kaliyan wulan taubat, mangga kita tetep taubat. Sanajan sampun pisah kaliyan wulan ketaatan, mangga kita tetep istiqamah ing taat.

Sanajan sampun pisah kaliyan wulan Al-Qur’an, mangga kita tetep maos Al-Qur’an. Sanajan sampun pisah kaliyan wulan tarawih, mangga kita tetep nglampahi shalat-shalat sunnah. Sanajan sampun pisah kaliyan wulan puasa, mangga kita tetep nglampahi puasa-puasa sunnah.

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Dinten menika punika dinten ingkang agung, dinten riyadi ingkang mulya. Wonten ing hadits kasebat bilih wonten ing satunggaling dinten riyadi, Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:

لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدٌ وَهذَا عِيْدُنَا (رواه البخاري وغيرُه)

Artosipun: “Saben kaum kagungan dinten riyaya, lan dinten punika inggih punika dinten riyaya kita.” (HR al-Bukhari).

Dinten riyaya punika dinten kabungahan lan kesenengan. Kabungahan lan kesenenganipun kaum Muslim ing donya punika nalika saged nyampurnakaken ketaatan dhateng Allah.

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Tembung Ied ateges perayaan utawi saged teges bali malih, dene Fitri ateges bubar pasa kanggo dhahar, lan ugi saged ateges suci. Mula, adhedhasar hadits ingkang diriwayataken dening Anas bin Malik, botên nate Kanjeng Nabi Muhammad tindak salat ing dinten Riyadi Idul Fitri kajawi dhahar kurma sakderengipun. Ing salah satunggaling riwayat, Kanjeng Nabi dhahar kurma kanthi cacah ganjil (HR Bukhari).

Adhedhasar hadits punika, makna Idul Fitri inggih punika nalika umat Islam bali dhahar utawi bubak pasanipun. Miturut hukum fikih, punika dados sunnah kangge dhahar utawi ngunjuk sakderengipun tindak masjid, sanajan namung sakedhik.

Dene Fitri ugi ateges suci, asal saking tembung fathara – yufatiru, ingkang ateges resik saking sedaya dosa, kalepatan, awon, lan elek. Manungsa dados suci malih kados bayi ingkang nembe lajeng lair, kanthi syarat sampun rampung anglampahi ibadah puasa kanthi sampurna.

Ing basa Jawa, Idulfitri sinebut “Lebaran,” kang ngemu teges: LEBAR, LEBUR, LUBER, LABUR.

Lebar, tegese lebaran utawa wus rampung saka maksiat.
Lebur, tegese lebur saka dosa.
Luber, tegese meluber (akeh) pahala, meluber berkah, lan meluber rahmate gusti Allah.
Labur, tegese resik atine kaya putihe kapur, nuduhake kasucen sawise siyam (puasa).
Mugi-mugi Lebaran dados pangapunten dosa lan kasucening ati.

Labur, tegese resik, dilabur dados putih tanpo dosa, mbokmenawa nganti wonten adat nyepak utawi melabur griya nalika ngajeng Idulfitri.

Kagandheng dhaharan khas Riyadi inggih punika lontong (olo-olone sampun kotong), sampun kosong saking dosa. Ugi ketupat utawi ngaku lepat, ngaku kalepatan. Kerumiten ing damel kupat saking janur nglambangake kalepataning manungsa.

Warna putih nalika dipunbela nglambangake kasucian sawise silih pangapura. Dene beras ingkang kapundhut minangka simboling bebrayan lan kamakmuran.

Dene bahan janur saged dipunangkat saking tembung Ja’a Nuur, ingkang tegesipun sampun rawuh cahya, utawi saged dipun artosi sejatine nur, cahya suci manungsa sawisé pikantuk pepadhang cahya sasampunipun romadhon.

Hadirin hadirah jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Wonten hikmah lan makna sanes saking Idul Fitri: Diceritakaken wonten ing kitab Al-Khuthbah Al-‘Ashriyyah anggitanipun Ibrahim Muhammad al-Jamal, bilih Sayyidina Ali RA. dhatengaken roti ingkang atos wonten ing dinten Riyadi, lajeng dipun aturi:
“Dhuh Amirul Mukminin, kok dhahar roti atos wonten ing dinten Riyadi?”
Sayyidina Ali lajeng ngendika:
“Dinten menika punika dinten Riyadi kangge tiyang ingkang dipun tampi puasane lan ibadahipun; Riyadi kangge tiyang ingkang dipunapura dosa-dosanipun, nampi pujian lan syukur saking upayanipun, sarta dipun tampi sedaya amal sae. Dinten menika kanggé kula Riyadi, sesuk ugi Riyadi. Sedaya dinten ingkang kula boten damel maksiat dhateng Allah punika Riyadi kangge kula.”

Ing kitab Lathaif al-Ma’arif anggitanipun Ibn Rajab al-Ḥambali, Hasan Al-Bashri ngendika:

“Dina punapa kemawon ingkang boten wonten maksiat dhumateng Allah punika dinten riyaya; Dinten punapa kemawon ingkang dipun-ginakaken dening tiyang mukmin kanthi taat, dzikir, lan syukur dhumateng Gustinipun Swt., punika ugi dinten riyaya kangge piyambakipun.”

Ing salah satunggaling dinten Riyaya, putri-putrinipun Umar bin Abdul Aziz matur dhumateng panjenenganipun:
“Ebes esuk punika dinten Riyaya, nanging kula boten kagungan ageman enggal.”

Umar bin Abdul Aziz lajeng ngendika:
“Wahai putri-putriku, dinten Riyaya punika sanes kanggé tiyang ingkang kagungan ageman enggal, nanging dinten Riyaya punika kanggé tiyang ingkang ajrih dhumateng dinten anceman.”

(Dipun-cathet saking Dr. Tahsin Ali Syirwani ing Alf Qishshah wa Qishshah)
“Laisal ‘Ied man kāna tsaubuhu jadid, lakin al-‘Ied liman tho‘atuhu yazid.”

Utsman al-Khuwairī ing kitab Durrah An-Nashiḥin nyerat bilih Anas bin Malik ngendika:

“Wong Mukmin kagungan gangsal dinten riyadi. Kaping pisan, sedaya dinten ingkang dipunlewati tanpa cacahing dosa punika riyadi. Kaping kalih, dinten ingkang piyambakipun medal saking donya kanthi iman, syahādah, saha kasinungan kawilujengan saking panggodha syetan punika riyadi.

Kaping tiga, dinten ingkang piyambakipun saged ngliwati titian (Ash-shirāth), slamet saking kasangsaran ing dinten kiyamat, saha luput saking bebendu musuh-musuh lan Malaikat Zabbaniyah punika riyadi. Kaping sekawan, dinten ingkang piyambakipun lumebet swarga sarta kaslametan saking neraka Jahim punika riyadi. Kaping gangsal, dinten ingkang piyambakipun saged ningali Gustinipun punika riyadi.”

Ma’asyiral jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Ing antarane tindak-tanduk ingkang dipun wastani syariat supados kita lampahi wonten ing wekdal suka, kados dinten riyaya punika, inggih punika silaturahim. Rasulullah Saw sampun paring tuladha dhateng kita sedaya supados tansah nyambung tali silaturahim. Panjenenganipun dawuh:

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَثَرِهِ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ

Artosipun: “Sapa wae sing kepengin dilapangake rezekine lan dipanjangake yuswane (diparingi berkah ing umure), monggo nyambung silaturahim.” (HR. Al-Bukhari lan Muslim)

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Nyambung silaturahim kaliyan sanak sedulur kalebet salah sawijining kewajiban. Sakwalike, memutus silaturahim kalebet salah sawijining dosa ageng. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dhawuh:

لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ (رواه البخاري)

Artosipun: “Boten bade lumebet swarga (sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin lumebet swarga) tiyang ingkang megat tali silaturahim.” (HR al-Bukhari lan Muslim).

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Memutus silaturahim tegese menawi tiyang nindakake prekawis ingkang dados sebab renggang lan pedote gandhengan kaliyan sanak kadang.

Prekawis punika kados ta boten ngunjungi nalika wonten ing wekdal suka utawi susah, boten nate nelpon, utawi boten purun maringi pitulungan dhateng sanak kadang ingkang mbutuhaken, sanajan sakjatosipun saged.

Mila saking punika, ing dinten Riyadi Idul Fitri puniki, kita tamtu sangat dipun ajak supados nyambung silaturahim kaliyan tangga teparo, kulawarga, sanak kadang, saha para mitra. Ing jaman teknologi kados sapunika, boten wonten alesaning boten nyambung silaturahim. Silaturahim saged dipun lampahi kanthi manéka cara, kados ta lumantar telepon utawi media sosial.

Sampun kawula kaiket dening tipu daya setan ingkang ndorong kawula supados ngendika, “Sedherek kula wau sampun nglarani kula, mila kula boten badhe ngunjungi piyambakipun,” utawi, “Sedherek kula boten ngunjungi kula, mila kula megat tali paseduluran kaliyan piyambakipun.”

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika:

لَيْسَ الْوَاصِلُ بِالْمُكَافِئِ وَلٰكِنَّ الْوَاصِلَ مَنْ وَصَلَ رَحِمَهُ إِذَا قَطَعَتْ (رواه البخاري)

Artosipun: “Tiang ingkang sampurna silaturahime sanes tiang ingkang namung mbales silaturahim kaliyan silaturahim, nanging tiang ingkang sampurna silaturahime punika tiang ingkang tetep nyambung silaturahim dhateng sederekipun ingkang sampun megat silaturahim kaliyan piyambakipun.” (HR al-Bukhari)

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Monggo kita sami eling-elingan satunggal lan sijine, supados ing dinten riyaya ingkang kebak kabagyan menika, kita saged silaturahim, silih memaafake, lan silih wenehi. Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam nate dawuh:

مَنِ اسْتَطَاعَ مِنْكُمْ أَنْ يَسْتَتِرَ مِنَ النَّارِ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ، فَلْيَفْعَلْ (رواه مسلم)

Artosipun: “Ing sapa wae kang saged nglindhungi awake saka neroko, sanajan mung kanthi sedekah separo saking woh kurma, monggo dilakoni.” (HR Muslim).

Monggo kita miwiti dhateng sedekah dhateng para kerabat kita, utamane kang banget mbutuhake pitulungan. Amargi sedekah dhateng para kerabat dipunwastani pikantuk kalih pahala, pahala silaturahim lan pahala sedekah.

Sabanjure, monggo kita sedekah lan nulungi para tangga kita ingkang mbutuhake. Lan menawa kita saged, sasampune punika kita sedekah lan nulungi sinten kemawon ingkang mbutuhake pitulungan, kalebet para sedherek kita ing Palestina ingkang nemahi kasangsaran.

Kanthi sedekah, Insyaa Allah, kita badhe kasinungan saking sagunging kabecikan. Malah kanthi sedekah, kita badhe kaadohaken saking neraka saha dipunlebetaken dhateng swarga.

Monggo kita nyawiji niyat ingkang leres saha tulus ikhlas ing manah, ngilangi dengki, sengit, iri, dendham, sombong, saha gumunggung dhateng kagungan kita, amargi sanadyan menawa wonten lelara ing manah dipun simpen, punika badhe njalari lelara ing jasad.

Usahakna nalika pisowanan, tansah sesalaman, silih padang rupa, lan silih mesem, taqabbala Allahu minna waminkum, taqaabbal yaa karim, minal ‘aidin wal faizin.

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Mangkono aturipun khutbah Idul Fitri ing enjing ingkang kebak berkah menika. Mugi-mugi Allah Swt kersa nampi amal ibadah lan sedaya amal kebajikan kita ing Wulan Suci Ramadhan ingkang sampun kapengker.

Mugi-mugi kita saged dipun ketemukan malih kaliyan Ramadhan ing taun ingkang badhe rawuh. Amiin ya rabbal ‘alamin.

وَٱلۡعَصۡرِ إِنَّ ٱلۡإِنسَٰنَ لَفِي خُسۡرٍ إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلۡحَقِّ وَتَوَاصَوۡاْ بِٱلصَّبۡرِ.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Khutbah Kaping Kalih

اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ.
اَللهُ اَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً، لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اَلْحَمْدُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، ذُواْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسولُه.

قَالَ اللهُ تَعَالىَ – يآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعاَلَى – إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا — اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ،

اَللَّهُمَّ احْفَظْنَا بِحِفْظِكَ، وَاحْفَظْ لِبِلَادِنَا اَلْأَمْنَ وَالْأَمَانَ، وَالسَّلَامَةَ وَالْإِسْلَامَ، وَانْصُر اَلْمُجَاهِدِينَ فِيْ ُكلِّ مَكَانٍ، وَانْشُرْ اَلرُّعْبَ فِي قُلُوبِ أَعْدَائِنَا، اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ مِنْ خَيْرِ مَا سَأَلَكَ مِنْهُ عَبْدُكَ وَنَبِيُّكَ مُحَمَّدٌ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ شَرِّ مَا اسْتَعَاذَ مِنْهُ عَبْدُكَ وَنَبِيُّكَ مُحَمَّدٌ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ.

اَللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا. اَللَّهُمَّ إِنِّا نَسْأَلُكَ الْعَافِيَةَ فِي الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ. اَللَّهُمَّ امْدُدْ عَلَيْنَا سِتْرَكَ فِي الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا اَلنِّيَّةَ وَالذُّرِّيَّةَ وَالْأَزْوَاجَ وَالْأَوْلَادَ. اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا هُدَاةً مَهْدِيِّينَ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْـمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر.
عِيْدٌ سَعِيْدٌ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ. وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ.

Tulisan sebelumnyaKhutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Kamulyan ing Pungkasaning Wulan Ramadhan
Tulisan berikutnyaKhutbah Jumat: Ramadhan Akan Pergi, Apa Bekal Kita?

TULIS KOMENTAR

Tuliskan komentar anda disini
Tuliskan nama anda disini